Kamis, 03 Juli 2014

RAMALAN JAYABAYA

Isi Ramalan
  1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran --- Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
  2. Tanah Jawa kalungan wesi --- Pulau Jawa berkalung besi.
  3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang --- Perahu berjalan di angkasa.
  4. Kali ilang kedhunge --- Sungai kehilangan mata air.
  5. Pasar ilang kumandhang --- Pasar kehilangan suara.
  6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak --- Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  7. Bumi saya suwe saya mengkeret --- Bumi semakin lama semakin mengerut.
  8. Sekilan bumi dipajeki --- Sejengkal tanah dikenai pajak.
  9. Jaran doyan mangan sambel --- Kuda suka makan sambal.
  10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang --- Orang perempuan berpakaian lelaki.
  11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman --- Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.
  12. Akeh janji ora ditetepi --- Banyak janji tidak ditepati.
  13. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe --- Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  14. Manungsa padha seneng nyalah --- Orang-orang saling lempar kesalahan.
  15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi --- Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  16. Barang jahat diangkat-angkat --- Yang jahat dijunjung-junjung.
  17. Barang suci dibenci --- Yang suci (justru) dibenci.
  18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit --- Banyak orang hanya mementingkan uang.
  19. Lali kamanungsan --- Lupa jati kemanusiaan.
  20. Lali kabecikan --- Lupa hikmah kebaikan.
  21. Lali sanak lali kadang --- Lupa sanak lupa saudara.
  22. Akeh bapa lali anak --- Banyak ayah lupa anak.
  23. Akeh anak wani nglawan ibu --- Banyak anak berani melawan ibu.
  24. Nantang bapa --- Menantang ayah.
  25. Sedulur padha cidra --- Saudara dan saudara saling khianat.
  26. Kulawarga padha curiga--- Keluarga saling curiga.
  27. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
  28. Akeh manungsa lali asale --- Banyak orang lupa asal-usul.
  29. Ukuman Ratu ora adil --- Hukuman Raja tidak adil.
  30. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil --- Banyak pejabat jahat dan ganjil.
  31. Akeh kelakuan sing ganjil --- Banyak ulah-tabiat ganjil.
  32. Wong apik-apik padha kapencil --- Orang yang baik justru tersisih.
  33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin --- Banyak orang kerja halal justru merasa malu.
  34. Luwih utama ngapusi --- Lebih mengutamakan menipu.
  35. Wegah nyambut gawe --- Malas untuk bekerja.
  36. Kepingin urip mewah --- Inginnya hidup mewah.
  37. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka --- Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  38. Wong bener thenger-thenger --- Orang (yang) benar termangu-mangu.
  39. Wong salah bungah --- Orang (yang) salah gembira ria.
  40. Wong apik ditampik-tampik --- Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  41. Wong jahat munggah pangkat --- Orang (yang) jahat naik pangkat.
  42. Wong agung kasinggung --- Orang (yang) mulia dilecehkan
  43. Wong ala kapuja --- Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  44. Wong wadon ilang kawirangane --- perempuan hilang malu.
  45. Wong lanang ilang kaprawirane --- Laki- laki hilang jiwa kepemimpinan.
  46. Akeh wong lanang ora duwe bojo --- Banyak laki-laki tak mau beristri.
  47. Akeh wong wadon ora setya marang bojone --- Banyak perempuan ingkar pada suami .
  48. Akeh ibu padha ngedol anake --- Banyak ibu menjual anak.
  49. Akeh wong wadon ngedol awake --- Banyak perempuan menjual diri.
  50. Akeh wong ijol bebojo --- Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  51. Wong wadon nunggang jaran --- Perempuan menunggang kuda.
  52. Wong lanang linggih plangki --- Laki-laki naik tandu.
  53. Randha seuang loro --- Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  54. Prawan seaga lima --- Lima perawan lima picis.
  55. Dhudha pincang laku sembilan uang --- Duda pincang laku sembilan uang.
  56. Akeh wong ngedol ngelmu --- Banyak orang berdagang ilmu.
  57. Akeh wong ngaku-aku --- Banyak orang mengaku diri.
  58. Njabane putih njerone dhadhu --- Di luar putih di dalam jingga.
  59. Ngakune suci, nanging sucine palsu --- Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  60. Akeh bujuk akeh lojo --- Banyak tipu banyak muslihat.
  61. Akeh udan salah mangsa --- Banyak hujan salah musim.
  62. Akeh prawan tuwa --- Banyak perawan tua.
  63. Akeh randha nglairake anak --- Banyak janda melahirkan bayi.
  64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne --- Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  65. Agama akeh sing nantang --- Agama banyak ditentang.
  66. Prikamanungsan saya ilang --- Perikemanusiaan semakin hilang.
  67. Omah suci dibenci --- Rumah suci dijauhi.
  68. Omah ala saya dipuja --- Rumah maksiat makin dipuja.
  69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi --- Perempuan lacur dimana-mana.
  70. Akeh laknat --- Banyak kutukan
  71. Akeh pengkianat --- Banyak pengkhianat.
  72. Anak mangan bapak --- Anak makan bapak.
  73. Sedulur mangan sedulur --- Saudara makan saudara.
  74. Kanca dadi mungsuh --- Kawan menjadi lawan.
  75. Guru disatru --- Guru dimusuhi.
  76. Tangga padha curiga --- Tetangga saling curiga.
  77. Kana-kene saya angkara murka --- Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  78. Sing weruh kebubuhan --- Barangsiapa tahu terkena beban.
  79. Sing ora weruh ketutuh --- S edang yang tak tahu disalahkan.
  80. Besuk yen ana peperangan --- Kelak jika terjadi perang .
  81. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor --- Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  82. Akeh wong becik saya sengsara --- Banyak orang baik makin sengsara.
  83. Wong jahat saya seneng --- Sedang yang jahat makin bahagia.
  84. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul --- Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  85. Wong salah dianggep bener --- Orang salah dipandang benar.
  86. Pengkhianat nikmat --- Pengkhianat nikmat.
  87. Durjana saya sempurna --- Durjana semakin sempurna.
  88. Wong jahat munggah pangkat --- Orang jahat naik pangkat.
  89. Wong lugu kebelenggu --- Orang yang lugu dibelenggu.
  90. Wong mulya dikunjara --- Orang yang mulia dipenjara.
  91. Sing curang garang --- Yang curang berkuasa.
  92. Sing jujur kojur --- Yang jujur sengsara.
  93. Pedagang akeh sing keplarang --- Pedagang banyak yang tenggelam.
  94. Wong main akeh sing ndadi --- Penjudi banyak merajalela.
  95. Akeh barang haram --- Banyak barang haram.
  96. Akeh anak haram --- Banyak anak haram.
  97. Wong wadon nglamar wong lanang --- Perempuan melamar laki-laki.
  98. Wong lanang ngasorake drajate dhewe --- Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  99. Akeh barang-barang mlebu luang --- Banyak barang terbuang-buang.
  100. Akeh wong kaliren lan wuda --- Banyak orang lapar dan telanjang.
  101. Wong tuku ngglenik sing dodol --- Pembeli membujuk penjual.
  102. Sing dodol akal okol --- Si penjual bermain siasat.
  103. Wong golek pangan kaya gabah diinteri --- Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  104. Sing kebat kliwat --- Yang tangkas lepas.
  105. Sing telah sambat --- Yang terlanjur menggerutu.
  106. Sing gedhe kesasar --- Yang besar tersasar.
  107. Sing cilik kepleset --- Yang kecil terpeleset.
  108. Sing anggak ketunggak --- Yang congkak terbentur.
  109. Sing wedi mati --- Yang takut mati.
  110. Sing nekat mbrekat --- Yang nekat mendapat berkat.
  111. Sing jerih ketindhih --- Yang hati kecil tertindih
  112. Sing ngawur makmur --- Yang ngawur makmur
  113. Sing ngati-ati ngrintih --- Yang berhati- hati merintih.
  114. Sing ngedan keduman --- Yang main gila menerima bagian.
  115. Sing waras nggagas --- Yang sehat pikiran berpikir.
  116. Wong tani ditaleni --- Orang (yang) bertani diikat.
  117. Wong dora ura-ura --- Orang (yang) bohong berdendang.
  118. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane --- Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  119. Bupati dadi rakyat --- Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  120. Wong cilik dadi priyayi --- Rakyat kecil jadi priyayi.
  121. Sing mendele dadi gedhe --- Yang curang jadi besar.
  122. Sing jujur kojur --- Yang jujur celaka.
  123. Akeh omah ing ndhuwur jaran --- Banyak rumah di punggung kuda.
  124. Wong mangan wong --- Orang makan sesamanya.
  125. Anak lali bapak --- Anak lupa bapa.
  126. Wong tuwa lali tuwane---Orang tua lupa ketuaan mereka.
  127. Pedagang adol barang saya laris --- Jualan pedagang semakin laris.
  128. Bandhane saya ludhes --- Namun harta mereka makin habis.
  129. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan --- Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  130. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara --- Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  131. Sing edan bisa dandan --- Yang gila bisa bersolek.
  132. Sing bengkong bisa nggalang gedhong --- Si bengkok membangun mahligai.
  133. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil --- Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  134. Ana peperangan ing njero --- Terjadi perang di dalam.
  135. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham --- Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  136. Durjana saya ngambra-ambra --- Kejahatan makin merajalela.
  137. Penjahat saya tambah --- Penjahat makin banyak.
  138. Wong apik saya sengsara --- Yang baik makin sengsara.
  139. Akeh wong mati jalaran saka peperangan --- Banyak orang mati karena perang.
  140. Kebingungan lan kobongan --- Karena bingung dan kebakaran.
  141. Wong bener saya thenger-thenger --- Si benar makin tertegun.
  142. Wong salah saya bungah-bungah --- Si salah makin sorak sorai.
  143. Akeh bandha musna ora karuan lungane --- Banyak harta hilang entah ke mana
  144. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe --- Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  145. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram --- Banyak barang haram, banyak anak haram.
  146. Bejane sing lali, bejane sing eling --- Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  147. Nanging sauntung-untunge sing lali --- Tapi betapapun beruntung si lupa.
  148. Isih untung sing waspada --- Masih lebih beruntung si waspada.
  149. Angkara murka saya ndadi --- Angkara murka semakin menjadi.
  150. Kana-kene saya bingung --- Di sana-sini makin bingung.
  151. Pedagang akeh alangane --- Pedagang banyak rintangan.
  152. Akeh buruh nantang juragan --- Banyak buruh melawan majikan.
  153. Juragan dadi umpan --- Majikan menjadi umpan.
  154. Sing suwarane seru oleh pengaruh --- Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  155. Wong pinter diingar-ingar --- Si pandai direcoki.
  156. Wong ala diuja --- Si jahat dimanjakan.
  157. Wong ngerti mangan ati --- Orang yang mengerti makan hati.
  158. Bandha dadi memala --- Hartabenda menjadi penyakit
  159. Pangkat dadi pemikat --- Pangkat menjadi pemukau.
  160. Sing sawenang-wenang rumangsa menang --- Yang sewenang-wenang merasa menang
  161. Sing ngalah rumangsa kabeh salah --- Yang mengalah merasa serba salah.
  162. Ana Bupati saka wong sing asor imane --- Ada raja berasal orang beriman rendah.
  163. Patihe kepala judhi --- Maha menterinya benggol judi.
  164. Wong sing atine suci dibenci --- Yang berhati suci dibenci.
  165. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat --- Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  166. Pemerasan saya ndadra --- Pemerasan merajalela.
  167. Maling lungguh wetenge mblenduk --- Pencuri duduk berperut gendut .
  168. Pitik angrem saduwure pikulan --- Ayam mengeram di atas pikulan.
  169. Maling wani nantang sing duwe omah --- Pencuri menantang si empunya rumah.
  170. Begal pada ndhugal --- Penyamun semakin kurang ajar.
  171. Rampok padha keplok-keplok --- Perampok semua bersorak-sorai.
  172. Wong momong mitenah sing diemong --- Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  173. Wong jaga nyolong sing dijaga --- Si penjaga mencuri yang dijaga.
  174. Wong njamin njaluk dijamin --- Si penjamin minta dijamin.
  175. Akeh wong mendem donga --- Banyak orang mabuk doa .
  176. Kana-kene rebutan unggul --- Di mana- mana berebut menang.
  177. Angkara murka ngombro-ombro --- Angkara murka menjadi-jadi.
  178. Agama ditantang --- Agama ditantang.
  179. Akeh wong angkara murka --- Banyak orang angkara murka.
  180. Nggedhekake duraka --- Membesar- besarkan durhaka.
  181. Ukum agama dilanggar ---Hukum agama dilanggar.
  182. Prikamanungsan di-iles-iles --- Perikemanusiaan diinjak-injak.
  183. Kasusilan ditinggal --- Tata susila diabaikan.
  184. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi --- Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  185. Wong cilik akeh sing kepencil --- Rakyat kecil banyak tersingkir.
  186. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil --- Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  187. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit --- Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  188. Lan duwe prajurit ---Dan punya prajurit.
  189. Negarane ambane saprawolon --- Lebar negeri seperdelapan dunia.
  190. Tukang mangan suap saya ndadra --- Pemakan suap semakin merajalela.
  191. Wong jahat ditampa --- Orang jahat diterima.
  192. Wong suci dibenci --- Orang suci dibenci.
  193. Timah dianggep perak --- Timah dianggap perak .
  194. Emas diarani tembaga --- Emas dibilang tembaga
  195. Dandang dikandakake kuntul --- Gagak disebut bangau.
  196. Wong dosa sentosa --- Orang berdosa sentosa.
  197. Wong cilik disalahake --- Rakyat jelata dipersalahkan.
  198. Wong nganggur kesungkur --- Si penganggur tersungkur.
  199. Wong sregep krungkep --- Si tekun terjerembab.
  200. Wong nyengit kesengit --- Orang busuk hati dibenci.
  201. Buruh mangluh --- Buruh menangis.
  202. Wong sugih krasa wedi --- Orang kaya ketakutan.
  203. Wong wedi dadi priyayi --- Orang takut jadi priyayi.
  204. Senenge wong jahat --- Berbahagialah si jahat.
  205. Susahe wong cilik --- Bersusahlah rakyat kecil.
  206. Akeh wong dakwa dinakwa --- Banyak orang saling tuduh.
  207. Tindake manungsa saya kuciwa --- Ulah manusia semakin tercela.
  208. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi --- Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  209. Wong Jawa kari separo --- Orang Jawa tinggal setengah.
  210. Landa-Cina kari sejodho --- Belanda - Cina tinggal sepasang.
  211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil --- Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  212. Sing eman ora keduman --- Si hemat tidak mendapat bagian.
  213. Sing keduman ora eman ---Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  214. Akeh wong mbambung ---Banyak orang berulah dungu.
  215. Akeh wong limbung ---Banyak orang limbung.
  216. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka --- Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.
Sumber : tmn FB Gunungkidul Onlin

Tidak ada komentar: